Pawartos

PANGGESANGAN  PADINTENAN ING SALEBETING CEPURI KARATONDALEM SOERAKARTA HADININGRAT

Dening : KPP.A.Purbodiningrat,SE



Maliginipun prekawis ing salebeting Karaton Surakarta ingkang dados panggenan dedalemipun ratu/raja, nggadhahi pangretosan mawarni-warni antawisipun : ing angka satunggal pangretosanipun krajan utawi karaton utawi negari, ing angka kalih mengku pangretosan pekawisan dedalemeipun raja ingkang kalebet wewengkonipun salebetipun beteng ingkang ngupengi pekawisan Baluwarti, ing angka tiga mengku pangretosan pekawisan ingkang kalebet alun-alun Karaton, ingkang kalebet wewangunan ingkang unique amargi wiyaring panggenan katimbang wewangunan sanesipun ing salebeting wewengkon Karaton. Wewangunanipun benten kalian wewangunan sanesipun, wewangunan dedalemipun raja. Pramila sangking punika kadosta, Adipati inggih Panguwaos Kadipaten boten dipun keparengaken lenggah ing dhampar (palenggahan ingkang warni pesagi ingkang boten mawi sandaran ugi  tanganan sarta maligi kagem raja lenggah ing wekdal pisowanan ageng), boten dipunkeparengaken nggadhahi alun-alun, Bale Witana, kejawi punika ugi boten kepareng ugi boten wenang ngganjar pidana pejah.  Ing pangretosanipun bilih , alun-alun ugi Sitihinggil namung sesebatan ingkang wonten sesambetanipun kaliyan wewangunan ing salebetipun Karaton. Paku Buwana inggih punika asma saha sesebatanipun raja ingkang jumeneng ing Karaton Surakarta ing warsa 1746, ingkang nggentosi Karaton Kartosura ingkang sampun dipunbedhah dening mengsah , ingkang saderengipun dados punjering Karaton Mataram. Sasampunipun yasa Karaton Surakarta watawis 3 (tigang) taun, Sinuhun Paku Buwono II surud ing kasedan jati (1749) salajengipun ingkang jumeneng nata inggih punika Sinuhun Paku Buwono III, raja Mataram ngantos dumugi 1755. Karaton Surakarta sampun nate dados punjering Karaton Mataram ngantos 9 (sangang) taun dangunipun, pramila kawontenaning residen ingkang dhedhekah ing Surakarta wiwit tahun 1755 ndadosaken ewah-ewahan enggal tumrapipun negari jawi ingkang warni tradisioneel (maos ugi ing :http://pakoeboewono.blogspot.com/2012/04/perikehidupan-didalam-karaton-surakarta.html)



SASTRA  BUDAYA

SERAT CEMPORET YASANDALEM SINUHUN PAKOE BOEWONO IX

Dening :  KPP.A.Purbodiningrat,SE


Dandang gula 

1. Songsonggora ( songsong agung ) ingkang dados lambang kawilujengan, kadosta winidyan ( pinaringan wahyu pangretosan ) ingkang jumbuh saha leres kaliyan punapa kemawon ingkang dados panyuwunan, ananging taksih nggadhahi manah ringa-ringa ing salebeting ngripta, amargi boten darbe ( anggadhahi ) kawasisan ingkang luhur, saengga saderengipun kedah angruruhi ( ngupados ) raos ringga-ringga ing batos, saha jaga ( anjagi ) watak angkara murka, sesarengan kaliyan nyenyuwun luwaring   ( mugi mardika sangking ) duhkita, supados sampun ngantos bingung ing salebeting ngripta lelempahanipun, pramila lelampahanipun saged ginupita. 

2. Sajatosipun serat punika dipunserat kanthi dhawuhdalem Sinuhun Paku  Buwono IX, ingkang jumeneng ing  negari ageng Karaton Surakarta. Sinuhun Paku Buwono IX sampun kondhang misuwur ing saindhenging donya amargi kasektenipun saha ugi dados patuladhan ing antawisipun para priyagung luhur ingkang hambeg utami, suci, kagungan manah ingkang sabar, santosa, welas asih saha tulus tresnanipun dhateng para kawula, pramila ageng utawi alit para kawula sadaya tansah ndongaaken dhateng kamulyaning nagaridalem  Karaton Surakarta. 

3. Pramila ing purwakaning cariyos ing serat puniki ingkang badhe dungkap pralampita ingkang indah ingkang saged dados patuladhan salebeting nglampahaken samukawis, tartampu kemawon ingkang ingupados ing rahayu ingkang ngudi ing  kirang sampurnaning budi, supados sedaya saged linampahan kanthi gampil, ugi ancasipun saged dados patuladhan inggih punika cariyos lelampahan kina makina, ingkang wonten ing wusananing  cariyos ing salebeting Pustaka Rajaweda inggih punika nyariyosaken negari  Purwacarita. 

4. Negari puniku sakalangkung gemah ripah loh jinawi punika sadaya margi sangking kawibawandalem raja, ingkang sesilih Sri Mahapunggung, ingkang kukuh bakuh nglampahaken tata darma saha pepakem (undhang-undhang) sarta ugi wasis ing di pangretosan punapa kemawon. Ing purwakaning cariyos inggih punika Sinuhun Suwelacala ingkang nyariyosaken, bilih Sinuhun kagungan putra kathahipun 6 (enem) saha kakung sadaya ingkang sekti mandra guna.

5. Putra kakung enem kalawau, ingkang pambajeng asma Raden Jaka Panuhun, ingkang wasis babagan tani. Pramila Raden Jaka Panuhun jumeneng nata dados rajaning para kawula tani ing wewengkon Pagelen sakubengipun, ing wewengkon puniku Sinuhun yasa kutha raja ingkang dados punjering paprentahaning wewengkon Pagelen ugi Kutaarja ingkang kapatedhan asma Prabu Sri Manuhun. 

6. Putra kakung ingkang angka kalih kagungan asma Raden Jaka Sandhanggarba, ingkang wasis babagan kridhaning dagang. Pramila Raden Jaka Sandhanggarba sakalangkung wasis dhateng nglempaaken kapital, ngantos katelah dados raja sudagar, ingkang dados punjering paprentahanipun ing  Jepara ugi lajeng kapatedhan asma Prabu Sri Sadana. 

7. Putra kakung ingkang angka tiga kagungan asma Raden Jaka Karungkala, ingkang wasis babagan pangretosan prekawis wana gung ugi  pangretosan babagan bebedhag tumrap kidang, bantheng, lembu saha pangretosan kados pundi miluta peksi. Rikala yuswanipun sepuh lajeng jumeneng nata  ing Kirata ingkang dados pangarsanipun para tuwa buru, para ingkang remen bebedhag, para pangon saha  sadaya para ingkang kridha ing dagang ingkang nyade  ulam wana. 

8. Ingkang rumiyin akekitha ing Prambanan saha lajeng kapatdhan asma Prabu Sri Kala, ugi kondhang misuwur kanthi sesebatan Kirataraja. Ingkang rayinipun ingkang asma Raden Jaka Tunggulmetung, ingkang wasis babagan lelayaran ing samudra ngupados mina utawi  nderes ing wanci siyang, salajengipun sesarengan kaliyan damel sarem ing wanci dalu. 

9. Pramila lajeng jumeng nata dados rajaning kawulaning para lelayaran, ngempalaken saha dados pangarsaning para panderes sarta ingkang nguwaosi para kawula ingkang damel sarem. Salajengipun punjering nagarinipun ing Pagebangan ugi salajengipun kapatedhan asma Prabu Sri Malaras. Salajengipun ingkang wasis babagan semedi, inggih punika ingkang rakanipun ingkang kagungan asma Raden Jaka Petungtantara, amargi ingkang wasis babagan tarak brata saha samadi ugi wasis ing pangretosan babagan kapandhitan saha kapujanggan. 

10. Pramila lajeng kajunjung dados rajaning para maharesi, para pandhita saha para ajar, punika ingkang dados kawasisanipun, salajengipun sesarengan nglempaaken para biksu saha brahmana saha ngatur mawarni-warni agami ing Medhangkawit. Pramila lajeng kapatedhan asma Raja Resi Sri Madewa. Punjering pertapanipun ing Pamagetan, ing salebeting wewengkon perenging Redi Lawu, yasa negari ingkang gemah ripah loh jinawi. 

11. Salajengipun putra kakung ing wuragil , miyos sangking prameswari kagungan asma Raden Jaka Kandhuyu, ingkang wasis babagan organisatie, ngempalaken saha ngguyubaken para kawula, pramila manawi wonten parepatan tartamtu masti golong gilig saiyek saeka praya dhateng sadaya sanak kulawangsa. Sayektos priyantun ingkang wasis babagan kridhaning kawibawan, pramila lajeng dados pangarsa ingkang merbawani. (maos ugi dhateng : http://pakoeboewono.blogspot.com/2012/04/karya-pakoe-boewono-ix.html):




KARATON SURAKARTA SAHA BUWONO SUKSMA (ALAM GAIB)

Kawruh  Tantra Bhairawa ingkang wonten Sesambetanipun kaliyan Tantrayana

Dening :  KPP.A.Purbodiningrat,SE



Wondene Kawruh Bhairawa ingkang wonten sesambetanipun kaliyan Tantrayana punika wonten 3 (tigang) warni inggih punika: Bhairawa Hala Cakra inggih punika tempuraning Kawruh Buddha kaliyan Kawruh Tantrayana. Salajengipun Kawruh Bhairawa Heru Cakra inggih punika  kawruh saha pangretosan ingkang unggul sangking kapitadosan ingkang ngrembaka ing wewengkon tanah jawi (sapunika Indonesia) nyampur kaliyan kawruh Hala Cakra. Salajengipun Kawruh Bhairawa Bima Sakti inggih punika tempuraning ing antawisipun Kawruh Bhairawa kaliyan agami Siwa. Kawruh Tantra Bhairawa saged dipunwastani inggih punika aranganing Kawruh Tantrayana ingkang murni. Upacara PANCAMAKARA punika sumberipun sangking serat Kali Mantra saha serat Mahanirvana Tantra ingkang trang nyebataken kados mekaten : Kali Mantra: 

" Sadayam bhaamsaca miinam ca mudraa maithuna se vaca, Ete Pamca Makaaraa syu Mokshadaah Kaliyuge"

 Ingkang werdinipun kados mekaten :

“Mendem, dhahar ulam menda lan sapiturutipun, dhahar mina, lambang sari saha samadi, ing samangke ingkang badhe ananuntuni kula panjenengan dhateng Moksha ing jaman Kaliyuga puniki.” 

Maha Nirvana Tantra : “Pautvaa pitvaa punah pitvaa yaavat patati bhuutale, Punarutyaaya dyai potvaa punarjanma ga vidhate.” 

Ingkang werdinipun kados mekaten :

“Ngunjug, sumongga ngunjug ngantos panjenengan dhawah ing bantala. Salajengipun sumongga jumeneng malih ugi ngunjug malih ngantos salajengipun sangking puniku panjenengan ngantos manggih mardika sangking punarjanma (dipunmiyosaken malih) ugi dumugi ing kasampurnan (Moksha).” 

Pangretosan ingkang kawedhar ing salebetipun Serat Kali Mantra inggih punika, kanthi upacara kados ingkang dipunwedharaken ing ngandhap punika, pramila lajeng dumugi Moksha ing jaman Kaliyuga ingkang sampun kalampahan ngantos sapunika. Upacaranipun kados ing ngandhap punika : 

1. MATSYA 

2. MAMSA 

3. MADA 

4. MAITHUNA 

5. MUDRA 

Werdinipun kados mekaten : 

1. MATSYA (Mina) pangretosanipun kados mekaten = SUMONGGA DADOS MINA INGKANG NYILEM ING SALEBETING KALI/SAMUDRA PANGGESANGAN. SAMPUN LAJENG NYINGKIRI GESANG UGI PANGGESANGAN LAJENG TILAR DONYA. 

2. MAMSA ( Ulam ) pangretosanipun kados mekaten = SINAOSA NYILEM ING SALEBETING  KADONYAN, NANGING TANSAH  MAWAS ING EGOIS KULA PANJENENGAN.

3.MADA ( Mindem ) pangretosanipun kados mekaten = SUMONGGA NGUNJUG SAHA KARAOSAKEN SPIRITUALITEIT, SINAOSA GESANG ING BUWONO MATERIEEL. SUMONGGA NGUNJUG SPIRITUALITEIT NGANTOS TUWUK LAJENG MENDEM AMARGI PUNIKU. 

4. MAITHUNA (Lambang Sari) pangretosanipun kados mekaten = SUMONGGA TUMUJU ORGASMIK SPIRITUALITEIT, KAJUMBUHAKEN KALIYAN SEKTINIPUN/KUNDHALINI DHATENG ATMANIPUN PANJENENGAN! SUMONGGA DIPUNUPADOS KANTHI SAESTU PREKAWIS PUNIKI !

5. MUDRA (Samadi utawi Meditatie ) pangretosanipun kados mekaten= SUMONGGA TUMUJU ING JUMBUHIPUN KALIYAN PURWANING KADADOSAN PANJENENGAN. INGGIH PUNIKI KASAMPURNAN SEJATI ! Salajengipun pangretosan mendem ingkang sampun dipunwedharaken ing salebeting Serat Maha Nirvana Tantra ing nginggil wau, sejatosipun inggih MENDEM ING SALEBETING SPIRITUALITEITipun. Punika sejatosipun pangretosan ing Kawruh TANTRAYANA.

SINAOSA NGRAOSAKEN KADONYAN ANANGING SPIRITUALITEIT KEDAH INGKANG UTAMI. Ananging ing salebeting Kawruh Tantra Bhairawa, upacara saha adicara kados ing nginggil puniku, saleresipun taksih dipunlampahaken dumugi sapuniki (mongga saged maos ugi dhateng : http://pakoeboewono.blogspot.com/2012/10/dunia-dan-alam-ghaibsaktiperjalanan_120.html).





SAJATOSIPUN PUNAPA INGKANG KADADOSAN SADERENGIPUN GEGERAN ING KARATON KASUNANAN SURAKARTA HADININGRAT ?

PUNAPA PESEN TAWANGMANGU (WASIAT SAWARGA SINUHUN PB.XII) LERES-LERES DIPUNSERAT PIYAMBAK KALIYAN SAWARGA, PUNAPA WONTEN REKADAYA SANES SAENGGA  WASIATIPUN  DADOS WONTEN ?

PRAMILA SUMONGGA KULA PANJENENGAN TALITI  SADAYA CARIYOS LELAMPAHAN DUMUGINING WONTENIPUN GEGERAN  ING KARATON KASUNANAN SURAKARTA HADININGRAT ING SALEBETING SKRIPSI ING NGANDHAP PUNIKI :

Werdinipun ing Basa Indonesia kados ing ngandhap punika ;

SEBENARNYA APA YANG TERJADI SEBELUM ADA KONFLIK DI KARATON KASUNANAN SURAKARTA HADININGRAT ?

APAKAH PESAN TAWANGMANGU (WASIAT PB.XII) BENAR-BENAR PB.XII YANG MEMBUAT SENDIRI,ATAUKAH ADA PIHAK-PIHAK LAINNYA YANG MEMAKSAKAN ADANYA WASIAT TERSEBUT ?

MARI KITA TELITI DAN PELAJARI PERISTIWA DEMI PERISTIWA MELALUI SKRIPSI DIBAWAH INI :

Dening :  KPP.Ariyo Purbodiningrat,SE

SAPUNIKA KULA PANJENENGAN SAMI-SAMI NALITI SAHA MRIKSANI WONTENIPUN GEGERAN  ING KARATONDALEM KASUNANAN SOERAKARTA AMARGI PUNAPA :

Manawi dipun ringkes inggih kados mekaten :




Werdinipun ing Basa Indonesia inggih punika kados mekaten ;

SEKARANG KITA MEMPELAJARI DAN MENDALAMI AKIBAT-AKIBAT KONFLIK DI KARATON KASUNANAN SURAKARTA HADININGRAT :

Adapun jikalau dirangkum isi skripsi tersebut adalah sebagai berikut :

1.Wasiat dari Almarhum Sinuhun PB.XII yang isinya mewasiatkan bahwa yang nantinya menggantikannya sebagai raja Paku Buwono yaitu GRM.Suryo Partono yang selanjutnya bergelar K.G.P.H.Hangabei ,itu tidak benar (disangsikan keasliannya). Karena biasanya Almarhum PB.XII membubuhkan cap jempol disertai dengan tanda tangan berikutnya stempel. Namun ternyata didalam wasiat Almarhum PB.XII hanya didapati cap jempol PB.XII saja (seperti yang dijelaskan oleh GPH.Dipokusumo (yang sekarang ini bergelar K.G.P.H.Adipati Drs.Dipokusumo).

2.Mengenai isi wasiat sawarga PB.XII apabila benar-benar yang membuat PB.XII sendiri (dari kersadalem/keinginan atau kehendak Beliau sendiri), seharusnya juga diketahui oleh  Pengageng Parentah GPH.Dipokusumo, Pengageng Kaputren GKR.Alit, saha Pengageng Sentono K.G.P.H. Hadiprabowo. 

3.Mengenai isi wasiat sawarga PB.XII apabila benar-benar yang membuat PB.XII sendiri  (dari kersadalem/keinginan atau kehendak Beliau sendiri), seharusnya sebelum Beliau membuat surat wasiat ,Beliau Almarhum PB.XII mengadakan pengumuman ataupun undangan ke semua putra-putridalem,sentanadalem,abdidalem daan juga mitradalem.

4.Selanjutnya mengenai statement K.G.P.H.Puger itu mengenai Angger-Angger (menurut Serat Sultan Agung) meskipun benar namun demikian masih kurang lengkap ,seperti pernyataan sawarga PB.XII yang direkam oleh GPH.Suryo Wicaksono (Gusti Nino) ,mengenai putradalem yang bergelar K.G.P.H apabila akan diangkat sebagai puta mahkota atau Kangjeng Gusti Adipati Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram maupun diangkat sebagai Sinuhun Paku Buwono, seharusnya  ibu kandung (bibinya) masih hidup, mohon maaf adapun K.G.P.H. Hangabei juga adik-adiknya yang sekandung dari ibu kandung (bibinya) yang bernama K.R.Ay.Pradapaningrum padahal sudah meninggal dunia pada kurang lebih tahun 1979. (jikalau demikian sebenarnya K.G.P.H.Hangabei  seharusnya tida bisa menggantikan tahta ayahnya sebagai  Sinuhun Paku Buwono).



Silahkan simak video wawancara Almarhum PB.XII pada channel Gusti Nino (GPH.Suryo Wicaksono) berikut ini :