Pisowanan
Pisowanan
Acara Adat – Budaya Karaton
Dening : KPP.A.Purbodiningrat,SE
Wondene Pisowanan ing Karatondalem Soerakarta Hadiningrat wonten 3 (tigang) warni,inggih punika ;
1).Pisowanan Ageng Pisowanan Ageng inggih punika Pisowanan ingkang asring katindakaken manawi ing Karaton Wonten Tatacara ingkang sampun dipunbakenaken kadosta:
1. Wiyosan Tingalandalem Jumenengan
2. Garebeg Mulud (12 Mulud)
3. Garebeg Siyam (1 Syawal/Idul Fitri)
4. Garebeg Besar (10 Besar /Bakda Haji)
2). Pisowanan Maligi, inggih punika ; pisowananan ingkang setengah baken kadosta :
1 Sura (1 Muharam) ingkang dipunlajengaken Kirab Pusakadalem.
3).Pisowanan Padintenan Ingkang kalebet pisowanan padintenan ing Karaton Surakarta inggih punika:
1. Sowan utawi Tapak Sowan nindakaken minongka abdidalem garap padintenan kadosta, Kartipraja, Mandra Budaya, Pasiten, Musium, Bon dharat,Sekretariat,Kasentanan sarta sanesipun.
2. Pisowanan nindakaken tatacara budaya kadosta:
a. Malem 21 (malem selikuran) ting-ting hik kirab dhateng Joglo Sri Wedari
b. Malem maringaken Zakat Fitrah (malem takbiran)
c. Handhawuhaken ngungelaken gangsa Sekaten (nabuh Gangsa Sekaten)
d. Dados Utusan jamasan ing Kadilangu
e. Wilujengan Nagari Maesa Lawung ing Alas Krendha Wahana ing dinten Senin Utawi Kemis ing pungkasan Wulan Rabingulakhir.
f. Sadranan dhateng Pasareyandalem Pajimatan Imogiri,Kitha Ageng,Laweyan saha sanesipun.
AGEMAN BUDAYA JAWI
BUSANA JAWI KARATON
Dening : KPP.A.Purbodiningrat,SE
Ageman utawi Busana Jawi punika raket sanget sesambetanipun kaliyan jati dirinipun bangsa, langkung-langkung ageman /busana Karaton Soerakarta Hadiningrat ....
GANJAR PANGKAT SARTA SESEBATAN
ING KARATON SOERAKARTA HADININGRAT
Dening : KPP.A.Purbodiningrat,SE
Inggih punika caranganing budaya ing Karatondalem Soerakarta Hadiningrat ,ingkang dados uwohing pangolahing budi, ancasipun inggih punika mliginipun kangge sarana pangolahing pakarti lair tumusing batos kanthi sesarengan lan uwohipun ingkang dipunsebat budaya, mila sangking punika kedah saha wajib kauri-uri ugi dipunlestantunaken kawontenanipun.
Salajengipun budaya ingkang mliginipun budaya Karatondalem Soerakarta Hadiningrat saged ugi dipunwastani pusakadalem Karaton, menawi dipunrengkuh badhe hambarkahi, ananging manawi dipunsiya utawi dipunremehaken badhe andadosaken halad (kuwalat).